Bagi temen-temen yang mungkin butuh referensi teks pembawa acara dalam bahasa jawa, ada nih contohnya.  Yup, semoga bermanfaat ya.




Assalamu`alaikum Warohmatullah Wabarokatuh
Ibu Kepala SMK Muhammadiyah Kretek ingkang tansah kinabekti
Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kulo hormati
Ugi para kanca ingkang kulo tresnani

Sepisan sumongga samio ngaturaken puja saha puji syukur dumateng ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring rahmat saha kasarasan dumateng kulo lan panjgenenga sami, satemah wonten ing titwanci menika saged kempal manunggal wonten ing pana mriki kanthi gansa saha gancar.

Shalawat saha salam mugio tansah kunjuk dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sampun kita antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil akhir samangke, amin.

Sakderengipun matur, kulo minangka pranata adicara nyuwun aguning pangaksami bilih sampun kumawantun sowan marak matur wonten ngarsa panjenengan sedaya nggempil pangadikan sawe tawis.  Wonten mriki kulo badhe hangaturaken urut reroncining adicara pengetan dinten Pendidikan Nasional wonten ing titiwanti punika.
·         Adicara ingkang kaping setunggal inggih meniko pambuka
·         Adicara ingkang kaping kalih inggih menika pambagyoharja
·         Adicara ingkang kaping tigo inggih meniko adicara inti
·         Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika sane-sanesipun
·         Adicara ingkang kaping gansal inggih menika pungkasaning titi laksana
Menika urut reroncining adicara pengetan dinten Pendidikan Nasional wonten ing titiwanci punika.

Bapak/Ibu guru ingkang sinuba ing budi
Saha para kanca ingkang kulo tresnani
1.       Sumangga kita awiti adicara sameniko kanthi waosan basmallah sesarengan “_____________”.  Mugi-mugi kanthi waosan basmallah kala wau adicara pengetan dinten Pendidikan Nasional punika saged lumampah kanthi gansar saha gancar.
2.       Adicara ingkang salajengipun inggih menika pambagyaharja
·         Ingkang kaping setunggal inggih menika pambagyaharja saking ketua panitia, dumateng wahyu setiawan wekdal kaaturaken sumangga.  “__________” mekaten kala wau pambagyaharja saking ketua panitia, dumateng wahyu setiawan kula aturaken agunging panuwun.
·         Ingkang kaping kalih inggih menika pambagyaharja saking Ibu Kepala Sekolah, dumateng Ibu RR Uning Suciasih, S.Pd. wekdal kaaturaken sumangga.  “_____________” mekaten kala wau pambagyaharja saking Ibu Kepala Sekolah, dumateng Ibu RR Uning Suciasih, S.Pd. kula aturaken agunging panuwun.
3.       Adicara ingkang salajengipun inggih menika adicara inti ingka badhe dipunsarirani dening Bapak Farid Al Hadi, dumateng Bapak Farid Al Hadi wekdal kaaturaken sumangga.  “__________” matur nuwun dumateng Bapak Farid Al Hadi ingkang sampun paring pangandikan.  Mugi ilmu ingkang dipunaturaken tansah manfaat dumateng kula saha pajengengan sami.
4.       Adicara ingkang salajengipun inggih menika sanes-sanesipun, mbok bilih wonten ingkang badhe paring pangandikan, wekdal kaaturaken sumangga.
5.       Adicara ingkang salajengipun inggin menika pungkasanign titilaksana.  Nanging sakderengipun adicara dipun pungkasi kula minangka pranata adicara nyuwun agunging samudra pangaksami bilih katha kekirangan saha kalepatan anggenipun nglantaraken adicara wonten ing titiwanci punika.
6.       Sumangga kita pungkasi adicara samenika kanthi waosan hamdallah sesarengan.  “__________”.

Billahi taufik wah hidayah
Wassalamu`alaikum warohamtullah wabarakatuh